WOCOEN IKI!

Rabu, 24 Juni 2015

Onok Hantu Nang Universitas Muhammadiyah Malang?

Universitas Muhammadiyah Malang yoiku salah sijine universitas swasta nduwe jeneng nag Indonesia. Bahkan universitas seng cedeke jln raya tlogomas tepat dikota malang kui univ seng sangat popular. Uwakeh masyarakat tanah air seng teko sitok gak sitok nag kota seng terkenal mbek sebutan kota apel tsb gae ngenyam pendidikan. Sbg salah siji univ swasta terkenal nag Indonesia. UMM dikenal sbg univ seng akeh nelurno pemimpin-pemimpin enom seng sukses nag negri, namun dibalik segudang prestasi dlm bidang akademik, UMM juga yo dikenal sbg salah siji univ seng paling anker nag Indonesia iki.

Univesitas Muhammadiyah Malang seng berdiri tepat nag nduwur aliran sungai brantas, memang yo tergol. Sbg univ seng paling sejuk. Namun ojok ketipu mbek kesejukane kui mau, bisa wae dibalik rindange pepohonan terror tekan mahluk halus alias hantu seng ngamati awakmu tekan balik semak mbek nunggu wektu gae nampakno sosok’e. tanpo akeh bosa-basi brikut iki langsung awk dewe sajikno beberapa kisah terror hantu Universitas Muhammadiyah Malang.

GEDUNG KULIAH BERSAMA (GKB)

Kisah hantu dimulai tekan gedung perkuliahan bersama GKB UMM. Di lantai 6 khususnya pada toilet seng terletak nag ujung lorong, konon dihuni mbek hantu ca cilik. Kisahe kyok ngene, toilet seng memang terkenal mbek keangkerane gelek terdengar suoro ca cilik seng nangis, bahkan suoro tangisane iso krungu yen awan barang khususe saat perkuliahan lenggang. Kisah hantu ca cilik kui diperkuat mbek pengakuan seorang mahasiswi UMM seng tau didelok’I langsung mbek hantu penunggu toilet lantai 6 GKB. Jare penuturane wektu iku cae dilanda ngantok tenan, lah ngatasine ca iku mau branekno diri mbasuh mukae ben gak ngantok,nah pas nang toilet caiku mau kerungu suoro ca cilik seng nangis nag bilik toilet kui mau, megane penasaran neh, caiku mau yo sek ndelek’I wae suworo kui tekan endi. Namun sampek nang bilik terakhir ca iku mau gak ndelok opo-opo lah pas mbalikno badan lan ape mbalik nag ruang kuliah …. Jegerrrrrrrrr dakdanan onok hantu ca cilik mbek wajah seng nyeremno natap tajem reng caiku mau. Mahasiswi tsb kui mau dikabari smaput lan sempat ngalami depresi berat.

Gak mok hantu ca cilik tok, GKB juga yo dipercoyo dihuni mbek hantu wong wedok seng rambute dowo alias kuntilanak seng bermukim nag lorong lantai 3 gedung GKB. Keyakinan kui pernah dialami mbek 3 mahasiswa UMM. Kisahe bermula tekan jam perkuliahan mari, megane keasikan diskusi ca telu mahasiswa kui mau mileh ngelanjutno omong-omongane. Nah pada saat arek-arek kui mau keasikan berbincang ndek salah siji ruang kuliah seng terletak neng lantai 3 GKB 1 arek-arek dikagetno mbek salah siji hantu seng rambute dowo seng ngelintas nag ngarep ruangan. Gak percoyo mbek opo seng didengok kui, salah siji tekan wong telu ngecek nag ngarep lawang ruangan. awale yo gak ndelok opo-opo se nag njobo, tapi pas wayahe muleh mbek 2 koncone mau mbek igak onok cahaya, peteng-petengan yg ketemu dengan penjaga kampus. Pas ngelangkan melu nag njobo ruangan dak danan ketemu mbek kuntilanak seng nag ujung lorong.


Gak mok nag gedung perkuliahan tok,tapi yo gelek barang nag lift GKB lift seng ngehubungno lantai dasar mbek puncak bangunan GKB yoiku salah siji area seng sangat angker. Hal seng kyok ngno tau dibuktikno mbek mahasiswa UMM, kabare caiku pas menapaki lift hanya seorang tok, awale caiku yo percoyo diri walau yo ngerti nek ancen nag lift kui yo angker, namun kepercayaan dirinya hilang ketika dikejutno mbek ssok ndas miber nag antara ruangan kosong lantai 4 mbek 5.

TAMAN NGAREP GEDUNG PERPUSTAKAAN


Salah siji areaseng akeh dikunjungi mbek areg-areg mahasiswa UMMyoiku taman seng panggone pas nag ngarep perpustakaan UMM. Yo iso diarani panggon seng favorit mbek arek-arek mahasiswa. Pasale sak liyane panggone sejuk yo mbek onok fasilitas wifi, namun ojo salah mbek rindange taman nag ngarep perpus UMM, selain kui juga menyimpan kisah mistis. Konon yo nag kono dihuni oleh beberapa hantu seng medeni, salah sijine yoiku gendruwo. Hal kui tau dibuktikno mbek konco-konco seng sek ngebut wae mbek tugas, tek gampang ngerjaknoe dadi arek-arek kui mau ngerjakno nag tamane perpus UMM. Terror hantu diawiti tekan pukul 0015 dini hari, kabare pas wes larut bengi arek-arek pe do bubar. Mereka pun berkemas, sebelum ninggalno mereke dikagetno mbek aroma seng koyok urin, tak suwi tekan kui salah sijine dipetu’I mbek sosok hantu ireg, duwur gede ngelintas nag ngarepe arek-arek.

Lah koyok ngno kui terror hantu Universitas Muhammadiyah Malang, mungkin seng gak kuliah nag kono yo sodok ngeragukan, tapi ojok salah UMM dewe termasuk salah siji universitas paling angker nag Indonesia, gurung percoyo? Jajalen dewe kono.

Posting Komentar

 
Copyright © 2014 APLIKOM. Designed by OddThemes