WOCOEN IKI!

Rabu, 24 Juni 2015

Iki Lhoo Awak Dewe..

He konco-konco kabeh.. kenalno awak dewe Haikal Muhammad El Dzikri, jengen celu’anku haikal utowo biasane konco-konco kui nyelok aku haca, megane nag sosmed yo jenengi ngno kui, arek-arek jarene yo kui singkatan dadi yo haikal cakep kek, haikal campurejo (jeneng deso), haikal caper kek,, GUDUK… kui celu’an cili’anku. Dadi ceritane ngene, cilik mbengen mben ditako’I wong liyo “jenenge sopo cong?” awak dewe njawabe Haca Mu’ammak haha, megane mbenge gurung iso ngmong jeneng dewe, wes paham. Sakbenere arti jenengku kui yo unik, uwakeh artine, konco-konco iki yo nek nggolek jenengku nag kamus boso arab kui onok akeh, onok seng artine kuil, lah yo jeneng nag artine kuil kui, nag nggak mentoloni no.., onok barang seng artine kerangka awak, lah gak ngesarakno awak dewe iki, lah piye aku dewe kuru ngne kui,teros jare wong jowo neh arti jenengku kui yo jimat malahan, rumangsamu aq iki dukun…. Emboh pa’e ma’e kui jiwae nang endi, lah pas aq mondok lah jare pak yai jenengku iki dadakne seng ngarang kisah-kisahe nabi Muhammad, widih … suangar pak’e mak’e oleh njenengi aq, lah tak warani neh neng pak yai ,, nek arti jenengku kui yo elek-elek dak danan, ternyata jawabane pak yai ngene “sakbenere maksut tekan arti elek2 kui ngene, yoiku bangunan seng kokoh, lan nopo maksute? Dadi jiwa seng imane kuat lan gak gampang kenek angin-anginane setan” masyaallah dak danan kok apik’e ngno arti jenengku kui, lah jeneng barang kan dongo, yo mugo-mugo awak dewe yo karep koyok jenengku kui. Amin gusti.

Asliku ngerti dewe yo, tulisan iki boso opo. yo aq wong jowo tepate kui nag Lamongan, luweh tepate neh nag kecamatan paciran seng onok WBL kui loo.. mosok gak ngerti? Yo daerah iku ancen tanah kelahiranku, tapi aq lahir kui nag tuban tapi aq dewe dibesarno yo nag paciran iku, kabeh sak paciran yo paling ngerti aq,,, ehhhh haikal tooo .. putune wak an kui,, haha, tapi omah q iku nag gresik pass perbatasan lamongan tepate kui nag kecamatan panceng desoe jenenge campurejo, cedekke pasir putih dalegan, mosok gak eroh? .. omahku nag gresik kui megane kerjone pa’e nag gresik, kapan-kapan nek onok wektu dulen nag ngonku yo rek.. haha.

Lah terus riwayat pendidikanku kui, podo koyok liyane se,,paud aq nag paciran yo nag lamongan nag minu koyok’e … mbuh lali aq, terus tk ku, kui mek rong taun.. mbuh kok ujuk 2 cepet tkku, terus bengen kui ngerangkep sd mbek madrasah dadi nek isuk kui sekolah nag sd lah pas awan sekolah reng madrasah, guduk sak lokasi tapi lumayan lah jara’e, lah pas kelas 5 kui dikongkon mileh antara sd mbek madrasah, aq yo mileh madrasah,, sakno cak murite mek titik,, haha terus lulus barang ngno ,,emmbbb bingung pe nerusno smp nag endi, lah dadaan ujung ujunge dikongkon mondok,, mbehh rakaroan too,, ndapak pondok’e apik, uelek koyok panggone giarang,, tapi yo gak keroso rek,, tibakne aq yo klas 3 gak ndelek skolah metu tapi sek tetep nerusno nag kono kui, yo mondok sampek 6 taun, gak keroso yo padahal gek winginane wae,, mbb ndapak .pondokku kui nag lamongan jenenge Al ishlah cedeke WBL seng terkenal mbek bahasane… rumangsamu penak a mondok kui ? yo penak mangan dewe, ngombe dewe, umba-umba dewe, klambi gelek ilang yen pas dijemur, ngno kui yo gelek ceblok klambine yen pas dijemur, essttt digudoni mbek kakak-kakak tingkat, dijaluki jajan, skolah yo gak onok seng notokno bukune, kangen terus mbek omah, isone kuduuuu moleh wae, gak oleh turu bar subuh, kudu hormat mbek wektu jam 10 turu kabeh, sak durunge shubuh kudu wes nag masjid kabeh, potongan rambut kudu cepak koyok tentara, yen dowo titik dipotong, mlanggar berat diplontos alias gundul pacul, terus dipampang nag arek 2, gak oleh ngwo hape nag pondok, isone mek moco novel mbek komik sek oleh, turu ngno kui ruangan gak sepiro luas tapi uwake penghunine sak kamar kui wong 35, turu desel-deselan, kadang ngno onok seng ngompol nag kamar, kasur bantalguling kabeh elok pesing, yen ngmong kuduk gae bohoso 2 yoiku arab mbek enggres, ngmong indo titik wae dihukum opo maneng bhs jowo, emmbb malah plosan, kamar mandi gak tau resik, nag wese kui kadang-kadang sek onok emas seng mumbul, mangan ngno kui akeh sego arake, gak oleh gendaan, surat-suratan mbek santriwati, konangan plontos neh..asline yo akeh se seng gak enak’e ngno kui. Tapi dibalik kabeh kui onok hikmahe, yo uwakeh se,, diantarane kabeh kuiyo ngelatih awak dewe mandiri, yo opo carane iso urep dewe gak bareng wong tuo, mbek kehidupan sesederhana mungkin, terus dadi iso nguwasai bhso 2 kui, megane bendinane kui dipraktekno guduk dipelajari ae, ndandani akhlake santri-santrine ben luwih apik timbang sak durunge mondok, marekno awak dewe reng gusti, terhindar teko konco-koco seng elek, lan sak teruse. Lah bar ngno kui yo kuliah nag UMM ki.

Terus opo neh yoo?? Pafa? Ngomfa? Wefa? Karfa? Lafa? Filfa? Balfa? Ifa? Tomafa? Mbuhh 2 karepmu wes, yowes tak jawab kabeh ki,, panganan senenganku kui opo yo? Akeh se, tapi seng tak senengikui sotone wak kaji sunari seng pinggir omahku kui,, rasane mbeehhh ,,ngawer wes, lah teros ngombe senenganku kui yo es degan se pastine rek,,werno favorit yo akeh se rek, yo opo se, sembarang wes teros kartun favorit kui opo yo?? Shin chan koyok’e,, mbanyole gak ngalahi wes, hahah.. mampangno GLUTEUS terus,, wkwkwkkwk,, yen seng paham meneng, hahah.. teros lagu, senenganku kui westlife, ket mbengen cilikan ku kui wes dikenalno mbek lagu-lagune westlife, tapi saiki wes bubar,,, hemmmbbb. Teros film favorit kui opo y? harry potter masihan,, serine wae wes uwakeh men, lah nek club bal-balan awak dewe sek nyekel tottenham hotspur, seneng 2 mbengen kui yo pas sek onok gareth bale, tapi slamete saiki wes tergantikan mbek streker mudah yoiku harry kane, mbek gelandang andalan yoiku eriksen, seng kipere yo sek pancet kipper timnas prances kui hugo lloris teros nek negoro kui aq yo sek pancet ket mbengen seneng enggres, three lion rek, haaha. Klo idola favorit ku yo bayu skak, jeneng asline kui guduk bayu skak tapi bayu moektito cae arek malang lan kuliahe yo nag malang tepate nag UM jurusan bhs inggris prosoku yo, soale jowone keren, teros melestarikan boso budaya, pinter boso inggris pula, reatip, jutawan enom, arek youtube seng paling gokil tenan…blogku iki nggae bhso jowo soale aq yo kudu ngelestarikno boso budayaku, podo koyok prinsipe bayu skak ben gak ilang ditinggal jaman, nek pnasaran lah dengok ulasan 2 ne nag you tube. Ketiken bayu skak, wes ngno tok,, nek kon-kon kabeh sek penasaran. Teros saiki tokoh masyarakatku kui ust yusuf Mansur, pelurusku nek aq wes ugal-ugalan, motivator q, aq y owes ngoleksi buknipun beliau, uwakeh rek nag omah, tapi onok buku-buku ust yusuf m seng ilang nag pondok. Wes babah, saiki hobbyku utowo kesenenganku kui yo biasane dolanan game bal-balan mbek konco-konco nek gak ngno yo ngitar gak karowan wes mbek nyanyi-nyanyi dewe karepku, nek olahraga senenganku yo nek gak futsal yo tenis meja, nah teros motto uripku ngene.. urip kui mesti onok masalah macem-macem masalahe, lah onok masalah jelas mesti onok jalan keluare, ojo galau, megane gak onok kata galau gae wong seng nduwe iman kan onok gusti Allah SWT. Wes ngno tok, teros opo neh iki, wes wes mari cukup.

Wes mari yo ngene tok isi,, wihh…. wes akeh kui, kui wes blak blakan kabeh iku,, hahaha. Asline yo seng akeh neh tapi kon-kon kabeh gak oleh ngerti, kui privasi, huwahaha… ywes swun kabeh rek,, ancen kon-kon kabeh ngueten pun……. Sip wes .. bye….

Carane Nggawe Blog

Blog kui saman-saman kabeh wes ero kan, nek gak blogger yo wordpress seng biasane digae wong-uwong, lah nang ngisor iki awak dwe nuturi kon-kon kabeh cara salah sijine wae, njokmu opo? Ywes carane nggawe blogger wae, langsung wes yoo”

1. Buka’en sek situs blogger.com
2. Masukno akun Gmail mbek passwordmu kekolom seng wes disediakno
3. Mari ngno awkmu ndelok akun googlemu, mari ngno klike tombol “lanjutkan keblogger” mari ngno lak disarakno kehalaman nggawe blog, ndelok gambar
4. Mari ngno kliken tombol “blog anyar”,mari ngno lak muncul pop up pembuatan blogmu, isis kolom seng wes disediakno mbek pilehen themes default seng pingin digunakno gae blog. Isien kolom kyok judul, alamat, pileh themes lah mari ngno kliken tombol “gae blog”

Yahh, sampek langkah 4 iki sebenare awakmu wes mari nggae blog nag blogger, tapi awakmu isek gurung nglakokno peraturan lebih lanjut mbek gurung onok konten opo-opo, saman mari ngno iso nggawe postingan anyar utowo nglakokno settingan luweh lanjut nag blogspotmu.

Wokeh ngne wae wes seng awak dewe perbincangno, pokok’e saman-saman ngueten pun,,, haha 

Oke byeeeeeee.

Carane Gawe E-mail


Sak durunge tak tako’i , lapo awak dewe iki kok buto e-mail?, e-mail yoiku salah siji fasilitas seng wajib awak dewe nduweni ketika ngelakoni kegiatan internet. Misale awk dewe iki pengen gae akun media sosial difacbokk, twitter, ato google pus, pasti situs media sosial tsb akan nakoni akun e-maile awak dewe utowo nek awak dewe ate blonjo online nag toko online, pastine yo nakonisisan akun e-maile awak dewe. Fungsi e-mail kui dewe yo sbg alat komunikasi digital (surat elektronik) mbek iso barang gae identitas online seseorang.

Beberapa penyedia layanan email gratis seng paling terkenal mbek paling akeh seng nggunakno yoiku yahoo.com, google.com, Microsoft.com. lah nag ngisor iki awak dewe ate mbahas carane nggae nang google wae yoiku gmail, wes langsung wae:

1. Bukak o sek google mail.
2. Kliken tombol “create an account” seng nag sebelah tengen nduwur halaman google mail
3. Isien kolomkolom seng nag halaman pengisian mbek datae saman, kyok’o jeneng, jengen pengguna gae email, gae kata sandi, konfirmasi kata sandi, tgl lahirmu, lokasi dll mari ngno centang kolom persetujuan persyaratan mbek kebijakan google mari ngno klik “langkah berikut”
4. Langkah slanjute kui nyiapno profil mbek nambah foto profil, gae nambah foto, silahkan klik tombol “tambahkan foto profil”. Awakmu iso masukno foto tekan computer, nek wes mari kabeh “langkah berikute”
5. Voila, akun email nang google wes mari digae, silahkan kliken tombol “lanjutkan ke gmail” gae masuk ke email selanjute.

Wes ngno tok, nek sek gurung paham… ndelok’en cara2 ku nang nduwur mbek langsung dipraktekno. Oke…

Kemajuan Tekhnologi

Gak iso dipungkiri nek kemajuan tekhnologi saiki berkembnag pesat, hal-hal seng kyok ngno kuiiso dibuktekno mbek ache inovasi-inovasi seng tlah dibuat didunia, teko seng sederhana, sampek seng iso ngebohno dunia.

Kemajuan tekhnologiancen yo penting gae uripe menungso nag jaman saiki, megane teknogi kui salah siji penunjang majune menungso, akeh tekan belahan menungso. Teknologi y owes ngapi’I ekonomi, pangan, computer yo sek akeh neh.

Sakbenere tekhnologi y owes onok ket jaman biyen, yoiku zaman romawi kuno, perkembangane teknologi berkembang scr drastic mbek teros berevolusi sampek saiki. Sampek nyiptakno objek-objek, teknik seng iso mbantu menungso tekan pekerjaan tek efisien mbek cepet. Terlebih setelah adanya penemuan computer mbek laptop, seng sampek saiki hamper tekan pekerjaane wong-wong kui yo gak lepas tekan lptop mbek computer. Sampek paster se penemuan computer kui yoiku penemuan seng paling mutakhir mbek seng paling pengaruh nag ndonyo menungso iki.

MANFAATE KEMAJUAN TEKNOLOGI GAE MENUNGSO

Beberapa wong nganggep nek kemajuan tekhnologi seng pada saat iki kui nduwe dampak negative tekan kehidupane menungso kui dewe. Koyok hale terjadi kerusakan hutan kui megane yo onoke teknologi pemotongan hutan mbek alat berat. Kondisi seng kyok ngene iki menungso podo nganggep dampak negative tekan teknologi.

Nang sisi liyo, yo uwakeh seng nganggep teknologi kui yo nduwe peran seng luweh gede gae peningkatan uripe menungso . megane ngno teknologi kudu diupayakno terus.Tapi scara umum teknologi yo ancen kudu berkembang sbagai upaya gae nyari inovasi seng iso nagpi’I uripe uwong kabeh. Megane iku, tujuan teknologi dewe kui yo ningkatno kualitas urip menungso tanpo ngerusan alam sekitare.

megane ngno iso disimpulno onok beberapa manfaate kyok ngene iki:
  1. Mbantu menungso nyelesaikno pekerjaan ben luweh apik.
  2. Motivasi menungso supados terus mikir gae nyiptakno perubahan-perubahan.
  3. Mbantu menungso ngenal sejarah.
  4. Mbantu mrediksi pristiwaseng terjadi nag tata surya

MISALE KEMAJUAN TEKNOLOGI

Uwakeh se missal-misal tekhnologi seng iso awak dewe temokno nag masa iki. Tekan contoh kemajuan tekhnologi gae internet. Kemajuan teknologi gae otomotif, gae masyarakat, yo senk akeh neh, contohe objek tekan kemajuan teknologi yoiku;
  1. Mesincuci, salah siji kemajuan teknologi masa saiki
  2. Sosmed kemajuan teknologi sebagai sarana komunikasi melalui media online.
  3. Alat teknologi pengolahan pangan seng iso ndadekno menungso luwih efisienmroduksi pangan.

Onok Hantu Nang Universitas Muhammadiyah Malang?

Universitas Muhammadiyah Malang yoiku salah sijine universitas swasta nduwe jeneng nag Indonesia. Bahkan universitas seng cedeke jln raya tlogomas tepat dikota malang kui univ seng sangat popular. Uwakeh masyarakat tanah air seng teko sitok gak sitok nag kota seng terkenal mbek sebutan kota apel tsb gae ngenyam pendidikan. Sbg salah siji univ swasta terkenal nag Indonesia. UMM dikenal sbg univ seng akeh nelurno pemimpin-pemimpin enom seng sukses nag negri, namun dibalik segudang prestasi dlm bidang akademik, UMM juga yo dikenal sbg salah siji univ seng paling anker nag Indonesia iki.

Univesitas Muhammadiyah Malang seng berdiri tepat nag nduwur aliran sungai brantas, memang yo tergol. Sbg univ seng paling sejuk. Namun ojok ketipu mbek kesejukane kui mau, bisa wae dibalik rindange pepohonan terror tekan mahluk halus alias hantu seng ngamati awakmu tekan balik semak mbek nunggu wektu gae nampakno sosok’e. tanpo akeh bosa-basi brikut iki langsung awk dewe sajikno beberapa kisah terror hantu Universitas Muhammadiyah Malang.

GEDUNG KULIAH BERSAMA (GKB)

Kisah hantu dimulai tekan gedung perkuliahan bersama GKB UMM. Di lantai 6 khususnya pada toilet seng terletak nag ujung lorong, konon dihuni mbek hantu ca cilik. Kisahe kyok ngene, toilet seng memang terkenal mbek keangkerane gelek terdengar suoro ca cilik seng nangis, bahkan suoro tangisane iso krungu yen awan barang khususe saat perkuliahan lenggang. Kisah hantu ca cilik kui diperkuat mbek pengakuan seorang mahasiswi UMM seng tau didelok’I langsung mbek hantu penunggu toilet lantai 6 GKB. Jare penuturane wektu iku cae dilanda ngantok tenan, lah ngatasine ca iku mau branekno diri mbasuh mukae ben gak ngantok,nah pas nang toilet caiku mau kerungu suoro ca cilik seng nangis nag bilik toilet kui mau, megane penasaran neh, caiku mau yo sek ndelek’I wae suworo kui tekan endi. Namun sampek nang bilik terakhir ca iku mau gak ndelok opo-opo lah pas mbalikno badan lan ape mbalik nag ruang kuliah …. Jegerrrrrrrrr dakdanan onok hantu ca cilik mbek wajah seng nyeremno natap tajem reng caiku mau. Mahasiswi tsb kui mau dikabari smaput lan sempat ngalami depresi berat.

Gak mok hantu ca cilik tok, GKB juga yo dipercoyo dihuni mbek hantu wong wedok seng rambute dowo alias kuntilanak seng bermukim nag lorong lantai 3 gedung GKB. Keyakinan kui pernah dialami mbek 3 mahasiswa UMM. Kisahe bermula tekan jam perkuliahan mari, megane keasikan diskusi ca telu mahasiswa kui mau mileh ngelanjutno omong-omongane. Nah pada saat arek-arek kui mau keasikan berbincang ndek salah siji ruang kuliah seng terletak neng lantai 3 GKB 1 arek-arek dikagetno mbek salah siji hantu seng rambute dowo seng ngelintas nag ngarep ruangan. Gak percoyo mbek opo seng didengok kui, salah siji tekan wong telu ngecek nag ngarep lawang ruangan. awale yo gak ndelok opo-opo se nag njobo, tapi pas wayahe muleh mbek 2 koncone mau mbek igak onok cahaya, peteng-petengan yg ketemu dengan penjaga kampus. Pas ngelangkan melu nag njobo ruangan dak danan ketemu mbek kuntilanak seng nag ujung lorong.


Gak mok nag gedung perkuliahan tok,tapi yo gelek barang nag lift GKB lift seng ngehubungno lantai dasar mbek puncak bangunan GKB yoiku salah siji area seng sangat angker. Hal seng kyok ngno tau dibuktikno mbek mahasiswa UMM, kabare caiku pas menapaki lift hanya seorang tok, awale caiku yo percoyo diri walau yo ngerti nek ancen nag lift kui yo angker, namun kepercayaan dirinya hilang ketika dikejutno mbek ssok ndas miber nag antara ruangan kosong lantai 4 mbek 5.

TAMAN NGAREP GEDUNG PERPUSTAKAAN


Salah siji areaseng akeh dikunjungi mbek areg-areg mahasiswa UMMyoiku taman seng panggone pas nag ngarep perpustakaan UMM. Yo iso diarani panggon seng favorit mbek arek-arek mahasiswa. Pasale sak liyane panggone sejuk yo mbek onok fasilitas wifi, namun ojo salah mbek rindange taman nag ngarep perpus UMM, selain kui juga menyimpan kisah mistis. Konon yo nag kono dihuni oleh beberapa hantu seng medeni, salah sijine yoiku gendruwo. Hal kui tau dibuktikno mbek konco-konco seng sek ngebut wae mbek tugas, tek gampang ngerjaknoe dadi arek-arek kui mau ngerjakno nag tamane perpus UMM. Terror hantu diawiti tekan pukul 0015 dini hari, kabare pas wes larut bengi arek-arek pe do bubar. Mereka pun berkemas, sebelum ninggalno mereke dikagetno mbek aroma seng koyok urin, tak suwi tekan kui salah sijine dipetu’I mbek sosok hantu ireg, duwur gede ngelintas nag ngarepe arek-arek.

Lah koyok ngno kui terror hantu Universitas Muhammadiyah Malang, mungkin seng gak kuliah nag kono yo sodok ngeragukan, tapi ojok salah UMM dewe termasuk salah siji universitas paling angker nag Indonesia, gurung percoyo? Jajalen dewe kono.

Onok 7 Penemuan Anyar Tekan Kedokteran Nag Taun Iki

Saiki donyo kedokteran yo mkin canggih, berbagai penyakit seng sak durunge gak iso disembuhno saiki wes iso kabeh,. Peralatane mergo y owes smakin praktis. Nag kene onok beberapa inovasi seng digadang-gadang sebagai penemuan media terbaik gae taun iki.

Utk nemokno inovasi-inovasi iki, tim peneliti dipimpin kepolo Bariatric mbek Metabolic institud nag cleverland clinic, dr Philip schauer. Hasil penelitiane dimuat nag new England journal of medicine.

1. OPERASI BARIATRIK

Nang dokter mbek peneliti mileh operasi bariatric gae nurukno berat awak iki sgab inovasi seng apik, guduk megane efektivitase dalam ngurangi obesitas, tapi megane kemampuane ngotrol diabetes tipe 2, penyakit seng paling akeh menjangkit wong-wong obesitas.

Slama bertaun taun, ahli bedan bariatric mdelok bahwa proseduriki sering berhasil nyingkirno diabetes tipe 2 seng nang pasien obesitas.

Opomaneng jumlah seng kenek diabetes telah meningkat 3 kali lipat selama 30 taun di AS. Sebanyak luweh tekan 90% kasus diabetes yoiku diabetes tipe 2.

2. IMPLAN PEREDA LORO ENDAS

Pereda loro endas iki gak gae sembarangan alat, bentuke cilik mbek ditanemno dalam bahane seng serupo mbek permen karet nag duwur untu geraham gae ngobati loro endas mbek migran. Ketika pasien ngeroso loro, remote control seng terletak nag pipi iso mberikan stimulasi syaraf gae mbolkir nyeri.

“implan iki wes disediakno nag eropa, tapi gak nang amerikat serikat. Perusahaan yo perlu nglakoni penelitian luwe lanjut ben iso dapatkan persetujuan FDA,” jare Dr Frank papay. Ketua departemen dermatologi mbek operasi plastik nag Cleveland clinic.

3. PERANGKAT GAE NDETEKSI KANKER KULET


Umume uwong ndeteksi kanker kulet kui gae moto telanjang wae iso, tapi membandingno tahi lalat bek kelainan nag kulet mbek diabetes berisi kriteria melanoma seng rumitjelas mangan wektu mbek ngerepotno. Megane kui, cleverland clinic nemokno perangkat khusus.

“perangkat iki nawarno tampilan seng objektif nang ngisor kulet menggunakan sprektum cahaya khusus. Kabeh dokter kulet yo wedi kliru ndeteksi melanoma. Tingkt kesembuhan iso hamper 100 persen jika diketahui sejak awal kui” jare dr Allison vidimos, ketua departemen dermatologi nang cleverland clinic.

4. ALAT MAMOGRAFI ANYAR

Selain alat mamografi seng konvensional, onok prangkat mamografi jenis anyar seng disebut breast tomosynthesis. Teknologi iki iso ngasilno gambaran seng luweh rinci drpada mamografi standar seng ngasilno gambar 2 dimensi.

“nang mamografi 2 dimensi, onok bayangan seng mbuatno tampilan hasil pemeriksaan ketok koyok beruang kutub seng nag badan salju. Alat mamografi baru iki ngilangno bayangno sng ningkatno hasil deteksi” jare Dr alice Rim, kepolo bagian radiologi diagnosis cleverland clinic.

5. SPREKTROMETRI INFEKSI BAKTERI

Prangkat iki seng dimuat ndek daftar yoiku sprektometri massa infeksi bakteri. Alat iki memungkinno laboratorium mikrobiologi mengidentifikasi jenis bakteri luweh cepet.

6. OBAT PENGHALAU KANKER PROSTAT

Pengobatan anyar gae ngobati kankerprostat lanjut melu nangkring nang daftar megane kemampuane ngehentikno perkembangan penyakit mbek coro ngalangi reseptor testosteron. Obat iki disebut radium-223 dichloride mbek akan disetujui seng ngawe taun ngarep

7. EX VIVO LUNG PERVUSION

Ex vivo lung pervusion yoiku teknik anyar seng ngapik’i mbek micu regenerasi sel paru-paru seng rusak. Para ahli mengatakan bahwa sebanyak 40% paru-paru dari donor kui ditolak oleh penerimo. Mbek metode iki, paru-paru donor akan dapet luweh cocok.

Prosedur seng dilakoni mbek coro ngletakno paru-parudonor nang dalem ruang kyok ngno glembung seng kehubung mbek pompa cardiopulmonary mbek ventilator. Selama 4-6 jam, paru-paru diapik’I nggunakno cairan khusus seng dialirno melalui pembuluh darah. Nutrisi iki digunakno gae merbaiki paru-paru saat meengembang dan mengempis.
 
Copyright © 2014 APLIKOM. Designed by OddThemes