WOCOEN IKI!

Rabu, 24 Juni 2015

Iki Lhoo Awak Dewe..

He konco-konco kabeh.. kenalno awak dewe Haikal Muhammad El Dzikri, jengen celu’anku haikal utowo biasane konco-konco kui nyelok aku haca, megane nag sosmed yo jenengi ngno kui, arek-arek jarene yo kui singkatan dadi yo haikal cakep kek, haikal campurejo (jeneng deso), haikal caper kek,, GUDUK… kui celu’an cili’anku. Dadi ceritane ngene, cilik mbengen mben ditako’I wong liyo “jenenge sopo cong?” awak dewe njawabe Haca Mu’ammak haha, megane mbenge gurung iso ngmong jeneng dewe, wes paham. Sakbenere arti jenengku kui yo unik, uwakeh artine, konco-konco iki yo nek nggolek jenengku nag kamus boso arab kui onok akeh, onok seng artine kuil, lah yo jeneng nag artine kuil kui, nag nggak mentoloni no.., onok barang seng artine kerangka awak, lah gak ngesarakno awak dewe iki, lah piye aku dewe kuru ngne kui,teros jare wong jowo neh arti jenengku kui yo jimat malahan, rumangsamu aq iki dukun…. Emboh pa’e ma’e kui jiwae nang endi, lah pas aq mondok lah jare pak yai jenengku iki dadakne seng ngarang kisah-kisahe nabi Muhammad, widih … suangar pak’e mak’e oleh njenengi aq, lah tak warani neh neng pak yai ,, nek arti jenengku kui yo elek-elek dak danan, ternyata jawabane pak yai ngene “sakbenere maksut tekan arti elek2 kui ngene, yoiku bangunan seng kokoh, lan nopo maksute? Dadi jiwa seng imane kuat lan gak gampang kenek angin-anginane setan” masyaallah dak danan kok apik’e ngno arti jenengku kui, lah jeneng barang kan dongo, yo mugo-mugo awak dewe yo karep koyok jenengku kui. Amin gusti.

Asliku ngerti dewe yo, tulisan iki boso opo. yo aq wong jowo tepate kui nag Lamongan, luweh tepate neh nag kecamatan paciran seng onok WBL kui loo.. mosok gak ngerti? Yo daerah iku ancen tanah kelahiranku, tapi aq lahir kui nag tuban tapi aq dewe dibesarno yo nag paciran iku, kabeh sak paciran yo paling ngerti aq,,, ehhhh haikal tooo .. putune wak an kui,, haha, tapi omah q iku nag gresik pass perbatasan lamongan tepate kui nag kecamatan panceng desoe jenenge campurejo, cedekke pasir putih dalegan, mosok gak eroh? .. omahku nag gresik kui megane kerjone pa’e nag gresik, kapan-kapan nek onok wektu dulen nag ngonku yo rek.. haha.

Lah terus riwayat pendidikanku kui, podo koyok liyane se,,paud aq nag paciran yo nag lamongan nag minu koyok’e … mbuh lali aq, terus tk ku, kui mek rong taun.. mbuh kok ujuk 2 cepet tkku, terus bengen kui ngerangkep sd mbek madrasah dadi nek isuk kui sekolah nag sd lah pas awan sekolah reng madrasah, guduk sak lokasi tapi lumayan lah jara’e, lah pas kelas 5 kui dikongkon mileh antara sd mbek madrasah, aq yo mileh madrasah,, sakno cak murite mek titik,, haha terus lulus barang ngno ,,emmbbb bingung pe nerusno smp nag endi, lah dadaan ujung ujunge dikongkon mondok,, mbehh rakaroan too,, ndapak pondok’e apik, uelek koyok panggone giarang,, tapi yo gak keroso rek,, tibakne aq yo klas 3 gak ndelek skolah metu tapi sek tetep nerusno nag kono kui, yo mondok sampek 6 taun, gak keroso yo padahal gek winginane wae,, mbb ndapak .pondokku kui nag lamongan jenenge Al ishlah cedeke WBL seng terkenal mbek bahasane… rumangsamu penak a mondok kui ? yo penak mangan dewe, ngombe dewe, umba-umba dewe, klambi gelek ilang yen pas dijemur, ngno kui yo gelek ceblok klambine yen pas dijemur, essttt digudoni mbek kakak-kakak tingkat, dijaluki jajan, skolah yo gak onok seng notokno bukune, kangen terus mbek omah, isone kuduuuu moleh wae, gak oleh turu bar subuh, kudu hormat mbek wektu jam 10 turu kabeh, sak durunge shubuh kudu wes nag masjid kabeh, potongan rambut kudu cepak koyok tentara, yen dowo titik dipotong, mlanggar berat diplontos alias gundul pacul, terus dipampang nag arek 2, gak oleh ngwo hape nag pondok, isone mek moco novel mbek komik sek oleh, turu ngno kui ruangan gak sepiro luas tapi uwake penghunine sak kamar kui wong 35, turu desel-deselan, kadang ngno onok seng ngompol nag kamar, kasur bantalguling kabeh elok pesing, yen ngmong kuduk gae bohoso 2 yoiku arab mbek enggres, ngmong indo titik wae dihukum opo maneng bhs jowo, emmbb malah plosan, kamar mandi gak tau resik, nag wese kui kadang-kadang sek onok emas seng mumbul, mangan ngno kui akeh sego arake, gak oleh gendaan, surat-suratan mbek santriwati, konangan plontos neh..asline yo akeh se seng gak enak’e ngno kui. Tapi dibalik kabeh kui onok hikmahe, yo uwakeh se,, diantarane kabeh kuiyo ngelatih awak dewe mandiri, yo opo carane iso urep dewe gak bareng wong tuo, mbek kehidupan sesederhana mungkin, terus dadi iso nguwasai bhso 2 kui, megane bendinane kui dipraktekno guduk dipelajari ae, ndandani akhlake santri-santrine ben luwih apik timbang sak durunge mondok, marekno awak dewe reng gusti, terhindar teko konco-koco seng elek, lan sak teruse. Lah bar ngno kui yo kuliah nag UMM ki.

Terus opo neh yoo?? Pafa? Ngomfa? Wefa? Karfa? Lafa? Filfa? Balfa? Ifa? Tomafa? Mbuhh 2 karepmu wes, yowes tak jawab kabeh ki,, panganan senenganku kui opo yo? Akeh se, tapi seng tak senengikui sotone wak kaji sunari seng pinggir omahku kui,, rasane mbeehhh ,,ngawer wes, lah teros ngombe senenganku kui yo es degan se pastine rek,,werno favorit yo akeh se rek, yo opo se, sembarang wes teros kartun favorit kui opo yo?? Shin chan koyok’e,, mbanyole gak ngalahi wes, hahah.. mampangno GLUTEUS terus,, wkwkwkkwk,, yen seng paham meneng, hahah.. teros lagu, senenganku kui westlife, ket mbengen cilikan ku kui wes dikenalno mbek lagu-lagune westlife, tapi saiki wes bubar,,, hemmmbbb. Teros film favorit kui opo y? harry potter masihan,, serine wae wes uwakeh men, lah nek club bal-balan awak dewe sek nyekel tottenham hotspur, seneng 2 mbengen kui yo pas sek onok gareth bale, tapi slamete saiki wes tergantikan mbek streker mudah yoiku harry kane, mbek gelandang andalan yoiku eriksen, seng kipere yo sek pancet kipper timnas prances kui hugo lloris teros nek negoro kui aq yo sek pancet ket mbengen seneng enggres, three lion rek, haaha. Klo idola favorit ku yo bayu skak, jeneng asline kui guduk bayu skak tapi bayu moektito cae arek malang lan kuliahe yo nag malang tepate nag UM jurusan bhs inggris prosoku yo, soale jowone keren, teros melestarikan boso budaya, pinter boso inggris pula, reatip, jutawan enom, arek youtube seng paling gokil tenan…blogku iki nggae bhso jowo soale aq yo kudu ngelestarikno boso budayaku, podo koyok prinsipe bayu skak ben gak ilang ditinggal jaman, nek pnasaran lah dengok ulasan 2 ne nag you tube. Ketiken bayu skak, wes ngno tok,, nek kon-kon kabeh sek penasaran. Teros saiki tokoh masyarakatku kui ust yusuf Mansur, pelurusku nek aq wes ugal-ugalan, motivator q, aq y owes ngoleksi buknipun beliau, uwakeh rek nag omah, tapi onok buku-buku ust yusuf m seng ilang nag pondok. Wes babah, saiki hobbyku utowo kesenenganku kui yo biasane dolanan game bal-balan mbek konco-konco nek gak ngno yo ngitar gak karowan wes mbek nyanyi-nyanyi dewe karepku, nek olahraga senenganku yo nek gak futsal yo tenis meja, nah teros motto uripku ngene.. urip kui mesti onok masalah macem-macem masalahe, lah onok masalah jelas mesti onok jalan keluare, ojo galau, megane gak onok kata galau gae wong seng nduwe iman kan onok gusti Allah SWT. Wes ngno tok, teros opo neh iki, wes wes mari cukup.

Wes mari yo ngene tok isi,, wihh…. wes akeh kui, kui wes blak blakan kabeh iku,, hahaha. Asline yo seng akeh neh tapi kon-kon kabeh gak oleh ngerti, kui privasi, huwahaha… ywes swun kabeh rek,, ancen kon-kon kabeh ngueten pun……. Sip wes .. bye….

1 komentar :

 
Copyright © 2014 APLIKOM. Designed by OddThemes