WOCOEN IKI!

Rabu, 24 Juni 2015

Langkah Ben Indonesia Dadi Luweh Apik

Ngerti ta saman-saman iki nek slama iki onok cara seng  iso gampang ndadekno indonnesia luweh apik lan cara iku iso awk dewe lakoni ndek sekitar uripe awak dewe2 iki.
Nang ngisor iki onok akeh misale: 

1. Ngemat Penggunaane Tisu Lan Kertas

Seng kawitan tisu:
Sopo seng gak ngerti mbek barang seng sitok iki? Hehe tak roso yo kabeh wong iso nenger barang seng siji iki ndek endi-endi. Bahkan nag jedeng yo akeh se, atowo saiki saman-saman nggowo barang kui nag tase saman? Iyo kan? Hehe ywes pdo kyok awk dewe.

Podo kyok seng awak dewe weroh, saiki yo gelek awak dewe krungu tentang aksi nanem sewu pohon dlm sak dino. Mesti kon-kon kabeh kui takok, lah opo hubungane mbek kertas tisu kui? Eits, enteni gisik, onok fakta seng unik sekaligus yo sedeh seng dewe wajib wero. Opo wero nek tisu gawenane tekan kayu?

Lah bengi iki aq gak sengojo pas ndelok tv, aq nemokno informasi mengejutkan nek tekan sak dino kui onok 27.000 pohon seng ditebang gae mroduksi tisu kui mau. Lah nek tekan sak dino iki awak dewe mek nanam 1.000 pohon, lah gak hasile minus rek? Nek ngono brarti yo luwih akeh penebangane timbang nanemme?

Seng keloro ki kertas:
Lah podo kyok tisu,kertas barang yo diproduksi tekan kayu loh. Dengo’en gambar nag ngisor iki. Nek kon bayangno onok pirang pohon seng ditebang gae mroduksi kertas sakmono akehe? Kui mek neng sak omah, gurung nag omah liyane kan yo, pirang atus pohon seng onok neng omahe awak dewe seng dalam bentuk kertas,? Yo mesti uwakeh rek, so,, tekan saiki utk hemat nggae kertas gae Indonesia tek luweh ijo. Tekan peduli mbek lingkungan. Opo maneng awak dewe iki generasi muda, ayo awak dewe ubah cara urepe awak dewe gae Indonesia ben luweh apik. Ngene iki barang yo pengaruh gede mbek ndonyo. Lah dengan ngelakoni penghematan tisu mbek kertas kui. Podo koyok awak dewe ngelindungi ijone hutan Indonesia, opo kon-kon kabeh gelem ndelok hutan nag Indonesia gundul kabeh? Yo podo-podo gak gelem kan, mangkane ayok kabeh mulai hemat kertas mbek tisu, oke. 

2. Ngelakoni Penghijauan Nag Sekitar Omah Tinggal

Awak dewe seng tinggal nag kota padet penduduk koyok malang ngene iki, jarang men awak dewe nemokno pemandangan ijo blak-blakan ngene iki. Padahal podo koyok seng kene wero kabeh, banjir akher 2 iki yo gelek melanda Indonesia yo ngno kui yo dampak penebangan phon seng ngakehi rakaruwan mbek gak seimbang tekan penanamane, solusine gak usah ado-ado, nag omahku gak onok lahan seng luas gae nanem pohon gede-gede, kabeh yo dadi panggonan omah kabeh. Nag simple wae ben ndadekno omahe awak dewe ijo yo mek ngae media tanem pohon koyok nanem kembang-kembang cilikan nag ngarep omah, oyok ngene iki manfaate gede lo gae Indonesia, gak percoyo? Sek eleng efek rumah kaca? Dengan peningkatan jmlah pohon, iso wae ngurangi dampak pemanasan global. Meski yo guduk pohon gede, tapi yo lumayan bukan timbang gak sama sekali. Cobak nek awak dewe nanem dalam jumlah seng akeh. Yo pasti teroso bedo lah yo, nek misale tonggo 2 awak dewe barang yo meli nanem pohon nag lingkungannya.

3. Sinau Berorganisasi Ket Cilik Tekan Karang Taruna Ca Enom

Ca enom kui generasi ssok gae bangsa lan negoro seng berpengaruh gede gae majune Indonesia. Untuk itu, ket cilik ca enom kudu mulai sinau organisasi lan bersosialisasi gae ngelakoni hal-hal seng positif. Sinau-sinau seng sederhana sek wes, sopo wero pas gede ssok awak dewe iso dadi pemerintah haha, uwakeh se acara rutin kyok ngno kui, kyok seng nag nduwur yoiku resik resik kampong.

4. Ngadakno Acara Bakti Sosial Gae Njalin Tali Silaturrahim Ndek Masyarakat

Bakti sosial kui penting, mbek onok’e baksos kui iso ngeringakno beban penderitaan orang lain. Mau itu ndek dalanan, panti asuhan, panti jompo utowo korban bencana alam. Seng dimaksudken supados sinau berbagi mbek masyarakat Indonesia.

Posting Komentar

 
Copyright © 2014 APLIKOM. Designed by OddThemes